Catatan pribadi tentang artikel Islami, kesehatan, pendidikan, petualangan, hobi, olahraga dan unik.
Wednesday, February 2, 2011
Paugeran Tembang Macapat
Tembang macapat kadhapuk kanthi paugeran guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.
a. Guru gatra : cacahing gatra/larik ing saben pada
b. Guru wilangan : cacahing wanda ing saben sagatra
d. Guru lagu : tibaning swara ing pungkasaning gatra
Guru gatra, guru wilangan lan guru lagune tembang macapat macapat:
1. Mijil : Kedadeyan saka 6 gatra : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
2. Kinanthi : Kedadeyan saka 6 gatra : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
3. Sinom : Kedadeyan saka 9 gatra : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
4. Asmaradana : Kedadeyan saka 7 gatra : 8a, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
5. Dhandhanggula : Kedadeyan saka 10 gatra : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12e, 7a
6. Gambuh : Kedadeyan saka 4 gatra : 7u, 10u, 12i, 8o
7. Maskumambang: Kedadeyan saka 4 gatra : 12i, 6a, 8i, 8a
8. Durma : Kedadeyan saka 7 gatra : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7a
9. Pangkur : Kedadeyan saka 7 gatra : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
10. Megatruh : Kedadeyan saka 5 gatra : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
11. Pocung : Kedadeyan saka 4 gatra : 12u, 6a, 8i, 12a
Tuladha Tembang Macapat:
Mijil
Poma kaki padha dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarang tanduk
Sinom
Nulada laku utama
Tumraping wong tanah Jawi
Wong Agung ing Ngeksianda
Panembahan Senapati
Kepati amarsudi
Sudaning hawa lan nenpsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyas ing sasama
Kinanthi
Saranane wong yun luhung
Betah tapa kurang guling
Elinga solah jatmika
Yen wicara kudu manis
Murih sengseming sasama
Samaning manungsa sami
Dhandanggula
Lamun sira anggeguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kang wruh ing hukum
Kang ngibadah lan kang wirangi
Sokur oleh wong tapa
Ingkang wus amungkul
Tan mikir pawewehing lyan
Iku pantes sira guranana kaki
Sartane kawruh ana
Asmaradana
Aja turu sore kaki
Ana dewa nganglang jagal
Nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak
Sandang kalawan pangan
Yaiku bageyanipun
Wong melek sabar narima
Gambuh
Aja nganti kabanjur
Barang polah kang nora jujur
Yen kabanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos
Maskumambang
Maratani mring anak putu ing wuri
Den padha prayitna
Ajana kang kuma wani
Mring biyung tanapi bapa
Durma
Ingkang eling iku ngeling ana marang
Sanak kadang kang lali
Den nedya raharja
Mangkono tindak ira
Yen tan nggugu iya uwis
Teka meneng amung aja sok ngrasani
Pangkur
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruh ana
Adat waton punika dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri
Megatruh
Apan ratu kinarya wakil Hyag Agung
Marentahken hukum adil
Pramila wajib den anut
Sapa tan anut mring Gusti
Mrng parentah ing Sang Katong
Pocung
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawankas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment