Wednesday, December 12, 2012

Rura Basa Jawa

RURA BASA yaiku ukara sing dianggep bener nanging asline salah kaprah


Adang sega = adang beras supayane dadi sega
Kelan Lodheh = nggodog janganan supaya dadi sayur lodeh
Mbathik Iket = mbathik mori supayane dadi iket
Mbunteli tempe = mbunteli dhele sing wis di ragi supaya dadi tempe
Menek klapa = menek wit klapa
Ndheplok gethuk = ndheplok tela godhok didadekake gethuk
Ndondomi klambi = dondom kain gawe klambi
Ndhundhuk sumur = ndhundhuki lemah digawe sumur
Mikul dhawet = mikul klenthing isi dhawet
Negor gedhang = negor wit gedhang
Nenun sarung = nenun benang digawe sarung
Netel jadah = netel ketan supaya dadi jadah
Ngekum landha = ngekum arenge merang supaya dadi landha
Ngenam kepang = ngenam iratan pring digawe kepang
Nggodog wedang = nggodog banyu arep gawe wedang
Nglinthing rokok= nglinthing mbako klobot digawe rokok
Ngulek sambel = ngulek lombok uyah digawe sambel
Nulis layang = nulis dluwang kanggo kirim layang
Nunggu manuk = nunggu sawah supaya parine ora di thotholi manuk
Nunggu geni = nunggu kayu supaya genine ora mati
Nyunduki sate = nyunduki daging kanggo lidi

No comments:

Post a Comment